Sabtu, 14 September 2013
PROFIL KULA
Nami kula Ory Sativa. Kula lahir tanggal 22 september 1996 ing tlatah Magelang, saking guo garbahipun Ibu Siti Maesaroh, kang dados garwanipun bapak suli Rozali. Sakmenika kula ngangsu kawruh ing Pondok Pesantren Rohmatullah II, Dusun Krajan II, Grabag, Magelang. Alamat kula ing Dusun Ngaran, Ngasinan, Grabag, Magelang.
Kula sekolah wonten ing TK PGRI III Paingan, kec.Grabag, Banjur nerasaken wonten ing SD Negri Kleteran II, Kec.Grabag. Saksampun lulus saking SD, kula banjur nerasaken wonten ing SMP Negri II Grabag ing daerah Kalisalak, Kec.Grabag. Saksampunipun 3th ting SMP, kula banjur nerasaken ngangsu kawruh wonten SMA Negri 1 Grabag lan dipuntampi wonten ing kelas X-5.
Sakmenika kula wonten ing kelas XI IPS-4. Kula anggadahi pangarep-arep bilih saksampunipun lulus saking SMA niki, kula saket nerasaken wonten pawiyatan ingkang langkung inggil, inggih menika ing kota Yogjakarta. Mugi-mugi cita-cita kula menika waget keturutan lan saget kasil anggen kula sinau
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar